Bawa Dan Lirik Campursari Kelinci Ucul
Bawa :
adhuh kelinciku ucul
mangka iku dadi katresnanku
ngalor ngidul tepung gelang, mung kecelek
saibo bungah rasaku
yen mulih bakal tak pondong
Lirik :
ngubengi Kutha, sakteruse, nyang ndesa - ndesa
merga aku anggoleki, sing tak tresnani
kelinciku ucul
lungan mangetan surabay, terus nyang bali
mangkulon lunga nyang bandung, ora ketemu
terus aku nyang jakarta
jebul ora ketemu
adhuh kelinciku, ojo mbeda aku
terus bali neng semarang
kelinciku wus ono kandang
la jebulane tlusap tlusup, keburu nafsu
wekasane montang manting
ragate akeh
aku dewe kang kebanting