Lirik Lagu CampurSari - Lara branta

yen kelingan mring sliramu, aduh ...
kaya rinujit atiku
yen siang tansah katon malelo
dalu datan bisa nendro

apa sliramu wis lali, tenan ...
dhek semono nate janji
sedyo arep urip bebarengan
bungah susah dilakoni

nanging aku ora ngiro, yen sliramu bakal cidro
bareng saiki wis mulyo, banjur kromo ...
ora nganggo ... kandha-khanda ...

opo pancen wis pesthine aduh ...
aku mung kudu narimo
sapa kang bisa paring usada
wong kang nandang lara branta