Lirik lagu Didi Kempot - Sekonyong - Konyong Koder
Cintaku sekonyong-konyong koder
Karo kowe cah ayu sing bakul lemper
Lempermu pancen super
Resik tur anti laler
Yen ra pethuk sedino neng sirah nggliyer
Cintaku sekonyong-konyong koder
Paribasan durung ndemok wani panjer
Modal bensin sak liter
Motorku tak stater
Tak ampiri ayo tak jak muter-muter
Tiwas aku dandan mlithit
Rambutku lengane pomit
Malah kowe lunga plencing ora pamit mit mit mit mit ...
Bir temulawak
Gonku mikir neng awak nganti rusak
rusak ... njobo njero
Sing tak pikir jebule kaya ngono
Kembang jambu gogrog di pangan uler
Cintaku sekonyong-konyong koder
Uler keket mlakune klogat kloget
Jabang bayi jebul aku keno pelet
End:
Cintaku sekonyong-konyong koder 2X