Lirik Langgam Campursari - Ali Ali

Bawa :
Jenang gula glali aja lali
Ali ali niki sulih kula
Aja di anggap sepele
Kula mbotena melu
Amung ati tansah anggondeli
Yen dadi lara gela
Sedih rinten dalu
Ketok ketoken kewala
Nganti-anti mbesuk apa baka lali
Yrn bali brja kula

Langgam :
Ngagema ali aliku, pamrihe
Aja lali marang aku
Nadyan kula mbiten melu, mbesuke
Ngelingana lelabetku

Lamun embane cempaka, emane
Amung tansah gawae cuwa
Iki embane kencana, pamrihe
Tansah manggiha raharja

Yen nganti ilang mripate, jarene
Nemahi rubeda
Yen nganti dinggo wing liya, mbesuke
Wis mangsa bodhowa

Pilihanku mripat biru, pamrihe
Mring sulistya ingkang warni
Yrn takon isi atiku, mbesuke
Mriksanana ali ali