Bawa Dan Lirik campursari - Meh Rahino

Bawa :
Ayo rowang hangayahi kardi
Nora kendhat pembanguning deso
Binudi murih becike
Supoyo tansah maju
Ngupokoro karang lan kitri
Guyup rukun tumandhang
Asengkut gumregut
Temah dadiyo toto harjo handayani
Murah sandang pangan yekti
Jro kutho ndesa-desa

Langgam :
wus mehrahino, sumirate ing wetan prenahe
poro tani wiwit mangkat anggarap sawahe

amanggul pacul, garu luku anggeret kebone
andelidir ngelur sulur ndadak ono pedhot’e

gliyak gliyak ...
Anggliyak tansah rame ing gawe
sesambene ...
tetembangan laras lelagone, laras lelagone ...

Mungguh pedahe, wanci ngundhuh tikel pametune
Subur makmur murah sandang pangan wekasane