Bawa Dan Lirik - Yen Ing Tawang Ana Lintang

Bowo :

Yen ing tawang ana lintang
Wong bagus/wong ayu aku ngenteni
Marang mega ing angkasa
Sun takon wartane reki
Janji-jani ku eling
Sumedot rasaning tyas ingsun
Nimas ingsun prasapa
Sineksenan bumi langit
Tangising tyas ngenteni padang rembulan


Lirik :
Yen ing tawang ana lintang, wong ayu* ...
Aku ngenteni tekamu
Marang mega ing angkasa, nimas* ...
Sun takokne pawartamu

Janji-jani aku eling, wong ayu*
Sumedot rasane ati
Lintang-lintang ngiwi-ngiwi, nimas** ...
Tresnaku sundul wiyati

Dek semana janjimu disekseni
Mega kartika  ka iring rasa tresna asih

Yen ing tawang ana lintang, wong ayu* ...
Rungokno tangising ati
Binarung swarane ratri nimas** ...
Ngenteni wulan ndadari


-----------------------------------------
*    wong bagus
**  kangmas