Lirik Lagu Campursari Pangatak

Pi  :  Bapake wanci esuk, enak temen kowe tenguk tenguk, ngeliono ing pawon kendile nggoling
Pa :  Lha iku arak butuhmu, isen isen jroning pawon

Pi  : Iyo bener kandhamu, pawon iku dadi kewajibanku, ning pikiren beras entek bumbu tapis
Pa : Yen ngono aku sing kojur, opo sing kudu tak edol

Pi  : Ojo keladuk gemblung, wong lanang mung pawitan dengkul, opo seneng yen brayatmu klingsir
Pa : Mongko aku seneng nganggur, mangan turu omong kosong

Pi  : Ambok welas anakmu, galo kae ono kebon gembrung, sregepono ngolah lemah ditanduri
Pa : Aku njaluk sangu pacu, tumandhang anggarap sawah