Lirik Langgam Campursari - Andum Basuki
Bawa :
Kembeng-kembeng kumembeng waspaku mijil
Pasrah kang kuwasa
Nrima panduming dumadi
Timbang andedawa lara
Langgam :
Biyen sapa sing marahi
Wekasane teka mbalenjani
Sapa baya dititeni
Ing tembene yen padha menangi
Apa dikira wong kuwi
Sak lawase katon edi peni
Mundhak dina mundhak sasi
Suwe-suwe dadi kaki nini
Pancen adi ...
Rembulan yen ndadari
Bareng wanci ...
Bang wetan ganti warni
Dikandhani dituturi
Mung emane ora diperduli
Puluh-pulih wis pinethi
Sak banjure mung andum basuki