Kepranan jroning atiku
Nalikane sepisan ketemu
Dasar priyo kang utama
Wicaksono kang lebda ing karya
Kepranan solah bawahe
Dasar lantip wasise wiraga
Wiraga sarto utama
Lamun sliramu priya kang sembada
Jroning ati tuwuh tresna
Kang saya ngrembaka
Rina kalawan wengi
Tresnamu tak anti anti
Saka soroting netramu
Yen ra selak sakjroning batinku
Ra lupt panggrahitaku
Ana tresna sakjroning batinmu