Gilang Satyawan Feat Lala Atilla - Lintang Asmara Lirik

siang pantara ratri
mung eling manising ati
sedyaku bisa anduweni
marang sang dyah sulaksmi

rasa kangen kang nglimputi
lintang bulan dadi seksi
ubayane datan mbalenjani
janji sebaya mukti sebaya pati

Reff ;
wong ayu tresnamu kinarya tamba
susah jroning batinku
wong bagus antebna rasa atimu
tresnaku tulus jroning kalbu

senadyan ngarungi banyu segara
rasaku rabakal sirna
senadyan nyawa oncat saka raga
wis tresna rabisa dipisahna

yen wis tresna ora bisa dipisahna